Orang2Gembel

Tumbuhan Ganggang, Terobosan Baru untuk Mata Buta

London, Tanaman air Alga atau ganggang punya kemiripan dengan mata manusia, yakni sama-sama peka terhadap rangsang cahaya. Kemiripan itu menjadi inspirasi bagi para ilmuwan yang memanfaatkan tanaman air tersebut untuk mengatasi kerusakan retina pada orang buta.

Read More

Durian, Lezat dan Bergizi Tinggi

Kata orang, durian berbahaya karena dapat menyebabkan peningkatan kolesterol dalam darah. Namun, beruntunglah mereka yang menggemari dan tidak berpantang makan King of Fruits itu. Sebab durian sangatlah bergizi. Buah itu mengandung vitamin B, C, E dan zat besi.

Read More

Cara Menghilangkan Bekas Jerawat

Pada awalnya jerawat adalah penyakit yang di sebabkan oleh stres yang berkepanjangan atau karena darah kotor.Setelah jerwat mengalami penyembuhan akan meninggalkan bekas seperti flek hitam maupun yang berwarna merah.Dalam menghilangkan bekas jerawat kita harus melakukan pembersihan wajah secara rutinitas, agar jerawat tidak kembali lagi kita akan mencari cara mencegah jerawat dengan menggunakan obat dari dokter maupun dengan obat tradisional.

Read More

Cewek Nembak Cowok Duluan ? . . . Salahkah ?

Di dunia percintaan sah-sah saja kalau cewek punya inisiatif menyatakan cintanya terlebih dahulu (nembak) cowok terlebih dahulu. Kan udah zamannya emansipasi, jadi kalau ada cewek nembak duluan bukan berarti dia cewek murahan atau gampangan. Mengenai diterima tau enggaknya, itu urusan nanti. Jadi, lupakan gengsi!!

Read More

Inilah Cara Memperbaiki Reputasi di Dunia Maya

Banyak kemudahan yang bisadiperoleh dengan begitu banyaknya pengguna jejaring sosial dan internet. Meskipun begitu, timbul kekhawatiran privasi individu tercoreng di dunia maya. Dalam tulisan di Facebook, Twitter, blog dan situs jejaring sosial lainnya, data seperti pandangan politik, masalah kantor, kualitas kesehatan seseorang dapat dengan mudah bocor di masyarakat.

Read More

Join The Community

Contact Me!!

Welcome to my Blog!! Welcome Selamat Datang Welcome Buat kamu kamu yang gembel, gembel yang kamu kamu. kamu itu gembel, semua orang gembel. gembel itu kamu, gembel juga punya semua orang. semua orang bisa baca gembel disini sepuasnya. koment & follow buat para gembel, SALAM GEMBEL.rewo rewo!!
Tampilkan postingan dengan label Cerita. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerita. Tampilkan semua postingan

Langendriyan Mandraswara


Kesenian Klangnan Sengkeran Pura Mangkunagaran

Langendriyan Mandraswara sawijining kesenian kang tata gelare memper wong utawi ketoprak. Bedane, wacanane para parogone nggunakake tembang. Crita utawa lakone njupuk saka sejarah, mligi sakiwatengene sejarah Majalah ing jaman pemarentahane Sri Kenya Subasiti Brakusuma kang asring sinebut Ratu Ayu. Panen dudu crita sejarah murni, malah kepara nyimpang, awit kapethik pakem wasana (wayang Kelithik). Saka Pakem Wasana iki sabanjure kapilah dadi 4 babak, yaitu Damarwulan Garit, Patine Ranggalawe saka Tuban. Menakjingga Lena lan Dhaupe Ratu Ayu Klawan Damarwulan.

Manut makalah seratane RMT Tarwo Sumo Sutargio (Pimpinan Langenpraja Mangkunagaran), kang disiapake kanggo sawijining seminar perbandingan langendriyan gaya Mangkunagaran lan Yogyakarta, langendriyan mandeswara lair lan gedhe ing pura mangkurogaran. Ora ana grup langendriyan manderasworo liya kajaba sing ana Mangkunagaran. Uga, maine langendriyan mandra-swara bung winates ing pandhapa pura Mangkunagaran. Mula ora mokal yen kesenian iki sinebut sengkeran Pura Mangkunagaran.

Ing pertengahan abad kaping 19, ing sala ana sawijining Tuwan Indo Jerman aran Tuwan Gadlieh kang dadi juragan batik. Para buruh bathike bocah-bocah prawan kang adhakane anggone mbathik sinambi nembang, kasengsem klawan tembange para buruh mau, Tuan Gadlieb kepengin nyalurake swara-swara mau menyang sawijining kesenian. Terus dheweke nemoni RMA, Tondhokusumo, salah sijine putra mantu Sri Mangkunagaran IV, kang pencen mumpuni ing babagan gending lan tari.

Laku gelare kaya sen jroning radio tonil. Para pelakune lungguh mangun bunderan padha ngadhep teks lan sing kebagian dialog lagi maju ing tengah seperlu nembang lan sawise rampung bali mundur. Tembang-tembange iku mau diiringi tetabuhan gamelan kang gending-gedhinge dijumbuhake klawan swasanane.

Lagi ing jamane MN V dianakake pementasan langendriyan nggangu gelar tari kang dimainake dening paraga cacah telu kanthi peran tokoh Damarwulan. Menakjingga lan Dayun. Pemain uga wis menganggo sandhangan kaya sen wayang wong utawa kethoprak kang dirancang piyambak dening Gusti MN V Langendriyan teru, mangkono sebutan jumbuh karo cacah pemain. Nganti tekan kono lakone winates marang babak katelu, yaiku Menakjingga Lena

Ngancik taun 1920-an, Sri MN VII ngersakake mencere langendriya mandraswara kanthi nambah pemain dadi cacah pitu kang uga katelah langen driyan Pitu. Tumbahan pemain papat mau, yaikut sabdapalon, Noyogenggong, Wahito, lan Puyengkan.

Panten keseian Langendriyan iki mujudake kesenian kang angel diresapi awit cakepan tetembange uga mighunakake basa Jowo kang memet mula pihak mangkunagaran wektu sumana ora nedya mbiwarakoke langendriyan menyang njaban pura. Langendriyan mandraswara bisa diarani kesenian kangenan awit ya bung winates marang wong kang nduweni seni Jawa kang dhuwur kang bisa ngresepi.

Langendriyan mandraswara Mangkunagaran panen wis surut sumangke. Lawas banget ora una kabare. Pemain embuh isih ana apa ora, Ndhapuk Langendriyan luwih angel ketimbang ndhapuk kethoprak lan wayang wong, awit pemaine kudu mumpuni marang panduan tari lan seni swara.

(Poerwanto Rs). (Dijupuk saking Penjebar Semangat kaca 27 lan 44 Edisi Panjebar Semangat -36/2005)

PAPRENTAHANIPUN NEGARA ASTINA


Kala semanten ingkang jumaneng nata ing Astina inggih menika Prabu Pandhudewanata. Panjenenganipun kagungan garwa kalih, inggih menika : Dewi Kanthi Nalibrata Ian Dewi Madrim. Dewi Kanthi peputra tiga : Puntadewa, Wrekudara an Arjuna. Dene Dewi Madrin peputra kalih inggih menika : Nakula Ian Sadewa. Nakula Ian Sadewa menika lare kembar. Putranipun Prabu Pandhu ingkang gangsal menika katelah Pandawa.

Rikala Pandhawa taksih timur. Prabu Pandhu seda. Dewi Madrin ndherek bela pejah. Dados Pandhawa dipun gulawenthah dening Dewi Kanthi.

Sasedanipun Prabu Pandhu, kraton Astina dipun titipaken dhateng ingkang raka Destarastra. Panjenenganipun wuta ( tuna netra ), pamila praja dipun pasrahaken dhateng putranipun pambajeng, Raden Duryudana ugi sinebat' Suyudana utawi Kurupati. Ingkang ngembani nglarnpahaken praja inggih menika Patih Harya Sengkuni, taksih keprenah pamanipun Raden Duryudana. Putranipun Duryudana menika cacahipun satus kawastanan Sata Kurawa.

Sesampunipun Pandhawa semi diwasa, kepengin nyuwun wangsul negari Astina ingkang dados warisanipun Prabu Pandhudewanata. Nanging Astina dipun kekahi dening Sata Kurawa ingkang sampun kelajeng sekeca, boten lajeng dipun wangsulaken. Malah Kurawa menika kepengin nyirnakaken Pandhawa. Rahayunipun Pandhawa taksih pinayungan dening Dewa. Kurawa boten nate kasembatan anggeninipun ngaroh pejahipun para Pandhawa.

Ing wasana negari Astina dipun suwun sarana peksan, inggih menika kanthi perang . Perang ageng antawisipun Pandhawa Ian Kurawa menika katelah perang Bharatayuda Jayabinangun ingkang kedadosan ing Tegal Kura Setra. Wontenipun paprangan menika saged kangge mbuktikaken pundi ingkang leres Ian pundi ingkang lepat. Bebasan Sapa salah seleh utawi becik ketitik ala ketara.

SIRNANIPUN ANGKARA MURKA


Guguripun Kumbakarna ndadosaken Rahwana sisah manahipun, Indrajit rumaos piyambakipun ingkang pantes dados senapati nggantosaken Kumbakarna ingkang sampun gugu(pejah). Pasukan Pancawati ingkang dipun pandheganidening Prabu Rama boten sanggup ngadhepi Indrajit amargi Indrajit mbekta pusaka Nagapasa ingkang saged ngedalaken maewu - ewu sawer wisa ingkang saged mejahi mangsanipun.

Leksmana saged mejahi Indrajid kanthi migunakaken senjata panah Indrasara saderengipun Indrajit sempat ngedalaken senjata Nagapasanipun. Rahwana kaliyan sis-sisa prajuritipun boten wonten pilihan sanes kajawi kedah majeng ing medan paprangan ngadhepi Rama. Kanthi ngedalaken sedaya kekiyatanipun Rahwana nyerang PrabuRama.

Rama enggal - enggal ngeculaken jemparing Goawijaya saking busuripin, pranyata pas kenging sasaran, Rahwana pejah sanalika. Amargi Rahwana nggadhahi aji Pancasona, mila mayat Rahwana dipun urugi siti Gunung Rongrongan.

Rama milih Wibisana supados dados pewaris Alengka dados raja nggantosaken Rahwana. Wibisana menika sedherekipun .Rahwana ingkang nvawiji ( bersatu ) kaliyan Rama, amargi piyambakipun boten nayogyani watak Rahwana ingkang angkara murka.

Ngancik yuswa ingkang sampun sepuh, Wibisana lajeng martapa ing Redi Kutarunggu, tahta kerajaan dipun pasrahaken dhateng putranipun ingkang nama Bisawarna. Dening Prabu Bisawarna alengka dipun gantos narnanipun dados Singelapura. .

Rama, Leksmana, Sugriwa Ian Hanoman sarta prajuritipun kasil pikantuk kemenangan (kemimpangan ). Rahwana sarta prajuritipun telas dipun tumpes. Rama rumaos gurnang ( ragu ) dening kasucianipun Dewi Shinta salaminipun wonten ing Taman Argasoka.Dewi Sinta kedah nglampahi upacara panyucian kanthi mhakar badanipun, piyambak:Rikala Dewi Sinta mbesmi badanipun, pranyata Sang Hyang Agni rnandhap saking kahyangan ngayomi Dewi Broth. Dewi Sinta wilujeng Ian medal saking ungguhan latu kanthi wajah ingkang a-yu kados widadari. Menika bukti kesucian Dewi Sinta salebetipun ngabdi dhateng Prabu Rama. VVusana Rama ian Sinta wangsul ing ayodya. Rama dados raja ing Ayodya Ian Dewi Sinta dados prameswarinipun.

Bawang Abang & Bawang Putih


Ceritra saka Jawa Tengah

Jaman bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.


Ing desa lia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sauwise buyunge Bawang Putih mati, biyunge Bawang Abang kerep maring umahe Bawang Putih. Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin lewih apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo beyunge Bawang Abang. Awal mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang ulate apik karo Bawang Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan. Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.

Sawijining ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kui Bawang Abang lan beyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang kali gede. Sauwise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan esih akeh pahalan liane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake dewek.

Esuk iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dlan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa diliwati. Dina kui cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh. Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu. Karo putus asa bali omah banjur cerita karo beyung tirine.
"Dasar crobo!" bentak beyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet klambi kui! lan aja wani bali omah seurunge ko nemokake. Ngerti.?!"

Bawag Putih kepaksa nuruti karepe beyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing kanggo ngumbai. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu klambi beyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing nang pinggir kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang Putih takon :"Paman, nopo priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng riki? amargi kulo kudu mekto wangsul rasukan meniko."
"Iya cah ayu aku weruh, nek koe ngolet cepetan, mungkin esih bisa ketemu," wangsale paman.
"inggih paman, matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri kali.
Dina wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir omah kui lan totok lawang.
"Kulonuwun...!salam Bawang putih. Wong wadon tua mbukak lawang.
"Sapa koe nduk?" takon mbah kui.
"Kulo Bawang Putih mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki sampun wengi. Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang putih.
"Ulih nduk. Apa klambi sing koe goleti warnane abang?" takon mbahe.
"Nggih mbah, Nopo mbahe priksa?" takon Bawang Putih.
"Iya. Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kui," si mbah ngomong.
"Ya aku pan mbelekna klambi kui, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe.
"nggih mbah, kulo bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kulo," jawab Bawang Putih kalih mesem.

Seminggu Bawang Putih manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih.
"Nduk, wis seminggu koe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan ngabekti. Janjine aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe. awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih milih waluh sing cilik. "Kulo wedos mboten kiat mbekto sing ageng," omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.

Dung tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone beyung tirine, banjur Bawang Putih lunga meng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kui kebelah, njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih langsung cerita apa anane.

NGrungu ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni rencana kanggo nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan. Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu mbah ngolihna Bawang Abang mulih.
"Bilih Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?" takon Bawang Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede lan tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.

Gutul omah Bawang abang langsung nemoni beyunge lan karo senenge ndelengaken waluh sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga meng kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kui, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane. Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi mati. Kui walesan kanggo wong sing serakah.

Entri Populer

Orang2Gembel